PARAMASASTRA
Tembung Rangkep
Tembung rangkep utawa reduplikasi basa jawa cacahe ana telu, yaiku dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana. Tembung rangkep kasebut bakal karembug ing ngisor iki;
A. Dwipurwa
Dwipurwa iku tembung kang dumadi saka pangrangkepe purwane tembung lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembang. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
bungah > bubungah > bebungah
lara > lalara > lelara
gaman > gagaman > gegaman
bendhu > benbendhu > bebendhu
resik > reresik
tenger > tetenger
Tembung andhahan kang asale saka tembung lingga kaater-ateri a- (Nasal) bisa didadekake dwipurwa. Tuladhane;
pangan > mangan > mamangan > memangan
tukang > nukang > nunukang > nenukang
suwun > nyuwun > nyunyuwun > nyenyuwun
kemil > ngemil > ngengemil
dwipurwa bida ndhapuk tembung aran utawa tembung kriya lan duwe teges 'nindakake sawijining bab kaya kang kasebut ing linggane tembung'. Bisa uga ngemu teges 'ndadekake sawijining bab dadi kaya kang kasebut ing linggane tembung'.
bungah > bebungah
reged > rereged
suker > sesuker
lara > lelara
wadi > wewadi
resik > reresik
suci > sesuci
takon > tetakon
tuku > tetuku
geni > gegeni
Tembung bungah, reged, suker, lara, lan wadi, kalebu tembung sifat, nanging bareng owah dadi bebungah, rereged, sesuker, lelara, lan wewadi, tembung iku malih dadi tembung aran. tembung resik lan suci kalebu tembung sifat, tembung takon lan tuku kalebu tembung kriya, lan tembung geni kalebu tembung aran. bareng dadi reresik, sesuci, tetakon, lan tetuku tembung iku kabeh owah dadi tembung kriya. Dwipurwa kang ndhapuk tembung kriya ngemu teges terus-terusan utawa intensitas.
reresik 'terus-terusan anggone reresik'
sesuci 'terus-terusan anggone suci'
tetakon 'terus-terusan anggone takon'
gegeni 'terus-terusan anggone ning ngarep geni'
sarehne kalebu golongane tembung, dwipurwa bisa diwuwuhi imbuhan, nanging mung bisa kawuwuhi ater-ater lan panambang. seselan -in lan -um ora bisa sumambung ing dwipurwa. tuladhane kaya ing ngisor iki.
di- + tetangis + -i > ditetangisi
di- + lelara > dilelara
Ang- + geguyu > Nggeguyu
An- + dedawa > ndedawa
tetenger + -an > tetengeran
geguyu + -an > geguyonan
B. Dwilingga
Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep. pangrangkepe tembung lingga iki ana kang karangkep wutuh kang ana kang karangkep mawa owah-owahan swara. Tembung lingga kang karangkep wutuh sinebut dwilingga padha swara lan kang karangkep mawa owah-owahan swara sinebut dwilingga salin swara.
Tuladha ing ngisor iki kang (a) kalebu dwilingga padha swara lan kang (b) kalebu dwilingga salin swara.
(a) takon > takon-takon
gedhe > gedhe-gedhe
(b) takon > tokan-takon
gedhe > gedha-gedhe
ana tembung sing wujude memper tembung dwilingga lan dwilingga salin swara, nanging sejatine ora kagolong tembung dwilingga utawa dwilingga salin swara. Ing ngisor iki tuladhane.
(c) abang - abang
ondhe-ondhe
arem-arem
anting-anting
alun-alun
(d) ontang-anting
gojag-gajeg
grusa-grusu
wora-wari
wira-wiri
Tembung (c) lan (d) ing dhuwur ora kalebu tembung dwilingga sebab tembung-tembung kasebut ora bisa diluru utawa digoleki linggane, saumpama bisa digoleki linggane surasane mesthi beda banget karo tembung dhapukan kasebut.
Sarehne kalebu golongane tembung, dwilingga bisa diwuwuhi imbuhan kang awujud ater-ater, seselan lan panambang.
jambak > dijambak, njambak, kajambak
jambakan, jambake, jambakna
jinambak-jambak
jambak-jinambak
balang > dibalang, mbalang, kabalang
balangan, balangke, balangna
binalang, balang
balang-binalang
gelar > digelar, nggelar, kagelar
gelaran, gelarke, gelarna
ginelar-gelar
gelar-ginelar
C. Dwiwasana
Dwiwasana iku tembung kang ngrangkep wanda wekasan utawa ngrangkep wasanane tembung. tuladhane katon kaya ing ngisor iki
cingak > cingakngak > cingangak > cengingak
cengis > cengisngis > cengingis
cekak > cekakkak > cekakak
Dwiwasana kagolong tembung rangkep semu awit antarane tembung dwiwasana lan linggane surasane geseh adoh. saumpama ana tegese, dwiwasana ngandhakake bab kang ora gumathok utawa ora ajeg, nanging bisa uga ngemu teges ambal-ambalan.
Matur nuwun.
Neilly Izzati
ReplyDelete23/XI MIPA 1
Badhe nyuwun pirsa babagan dwiwasana, ing laman website liya kula pikantuk tembung "pethenthengan" menika asalipun sangking tembung menapa nggeh bu?
pethentheng
DeleteRafif Eka Suryawan
ReplyDeleteXI MIPA 1/28
Sugeng enjing bu, kula badhe tanglet. Menawi tembung lingga sampun nduweni imbuhan kang awujud ater-ater utawa panambang tasih saged didamel dados tembung dwi lingga? Yen saged dados kados pripun bu? Matur nuwun
mboten saged
DeleteTelaga Zia P.P
ReplyDeleteXI-A1/33
Sugeng enjing bu, kula badhe tangled.
Saklajenge maos materi, kula maos buku pepak kawruh basanipun kula, lan ten mriku ning bagian tembang dwilingga dibagi kaliyan 3, dwilingga padha swara, dwilingga salin swara, lan dwilingga semu. Nah, dwilingga semu niku contohipun sami kaliyan dwilingga padha swara yaiku tembung-tembung e diwoco kaping pindho lan unine padha-padha. Bentenipun wonten pundi nggih bu?
Matur nuwun.
sing kagolong semu kuwi dwiwasana, amarga antarane dwiwasana lan linggane kuwi geseh adoh. saumpama ana tegese, dwiwasana ngandhakake bab kang ora gumathok utawa ora ajeg.
DeleteNyuwun sewu bu, kula
ReplyDeleteMuhammad Vicky Firmansyah
19 / XI MIPA 1
Ajeng tangklet babagan tembung rangkep, tembung " Bebrayan " punika kelebu tembung rangkep dwi purwa napa boten nggih bu? Menawi kelebu, Tembung " bebrayan " tembung lingga ne napa nggihbu?
Matur nuwun
bebrayan punika mboten katitik tembung lingganipun
DeleteDwi Agus Ferlina M.
ReplyDeleteXI MIPA 1/06
Sugeng enjing bu, kulo badhe tanglet, punapa seselan -in lan -um mboten saged sumambung ing dwipurwa?
mboten saged amargi punika mboten lumrah
Deletetuladha:
gayuh + gegayuh mboten saged dipunseseli -in- dados ginegayuh amargi tembung ginegayuh punika mboten lumrah dipun agem.
Sheila Deninta Maharani
ReplyDeleteXI MIPA 1/31
Sugeng enjing bu, kula badhe nyuwun pirsa babagan materi niki.
Tembung dwiwasana niku saget diparingi imbuhan napa mboten nggeh? kados diparingi imbuhan -an ngoten .
Matursuwun.
imbuhan punika kathah, wonten ater2 (awalan), seselan, lan panambang (akhiran). menawi ingkang jenengan karepake an- punika mboten -an (panambang) nanging an-(ater-ater). dwiwasana saged dipun paringi ater2.
DeleteSyafa'ana
ReplyDeleteXI MIPA 1/32
Kula badhe nyuwun pirsa babagan dwiwasana. Menawi tembung "mbedhudhug" menika kalebu tuladha dwiwasana. Tembung menika aslinipun saking tembung punapa nggih bu?
Matur nuwun.
Iffah Zakiya Yasmin
ReplyDeleteXI MIPA 1/13
Kula ajeng tanklet, Bu. Tembung Dwipurwa kan dipun woco kaping pindo ing kawitaning wanda. Nah, niku sedaya tembung lingga ing kawitaning wanda dipun woco ngagem 'e' bu? misal l'e'luhur, t'e'tuku utawa wonten aturanipun piyambak? Matur nuwun, Bu.
Amanda Try Prastika
ReplyDeleteXI MIPA 1/04
Sugeng enjing bu, badhe nyuwun pirsa "kumalancang" niku masuk ing tembung ater-ater napa mboten bu?
Matur suwun bu.
Putri Ragil
ReplyDeleteXI MIPA 1 / 25
Nuwun sewu bu, badhe tanglet menawi saking dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana menika bedanipun kang paling katon dadi pathokan e kui napa nggih bu?
Matur nuwun
Nama : Nabila Aulia Nida
ReplyDeleteKelas : XI MIPA 1
NO : 20
Assalamualaikum bu,
Bade tangklet, tembung "warna - warni" niku kelebu tembung dwilingga napa mboten nggeh?
Matur suwun
Nama : Hawa Evita Alicia
ReplyDeleteKelas : XI Mipa 1
No : 11
Assalamualaikum bu,
Kula badhe tanglet, menapa sedaya tembung lingga punika saged dipun dadosaken tembung rangkep? Mekaten bu,matur nuwun.
Adibah Auditia Nabila
ReplyDeleteXI MIPA 1 / 03
Sugeng enjing Bu, kula badhe nyuwun tangklet.
Ing tembang pocung pada setunggal, wonten tembung pangekese. "Pangekese" niku kelebu tembung dwipurwa napa mboten? Menawi inggih, tembung lingganipun saking apa lan diater-ateri menapa?
Matur nuwun, Bu
Shafira Iffah Azhari
ReplyDeleteXI MIPA 1 / 30
Sugeng enjing bu, Kula badhe tangled. Menawi Tembung cuwowo, benyinyik lan cekiki niku kalebed Tembung dwilingga, dwipurwa nopo Tembung dwiwasana ? .Lan kenapa Tembung dwiwasana iku diarani Tembung kang ngangkep Wanda wekasan ?
Matur nuwun
Fasya Riana Azzumi
ReplyDeleteXI MIPA 1/08
Sugeng enjing bu,nyuwun sewu kula badhe tangklet.Ing tembung rangkep dwipurwa ing inggil wonten tembang geguyu+an dadose geguyonan,napa kok mboten dados geguyuan nggih bu?
Matur suwun
Haida syafira
ReplyDeleteXI MIPA 1 / 10
Sugeng enjing bu, Kula badhe tangklet. Kula badhe nyuwun pirsa babagan dwiwasana. Ing laman website liya kula pikantuk tembung "bedhedheh" lan "jelalat" menika kalebu tuladha dwiwasana. Tembung menika aslinipun saking tembung punapa nggih bu?
Matur nuwun
Maulia Nurul R
ReplyDeleteXI Mipa 1 / 16
nuwun sewu bu. badhe tanglet bedhanipun dwipurwa lan dwilingga niku sing paling mencolok napa bu?
Putri Eka Erwanti
ReplyDeleteXI MIPA 1/24
Sugeng enjing bu, kula badhe tangled. Dwuwasana niku saged diwuwuhi imbuhan awujud ater2 seselan lan panambang nopo mboten nggih bu?
Matur nuwun bu.