KD 2 PERTEMUAN 3 (XII)

Maca Teks Geguritan

Kegiyatan 1. Maca Endah Geguritan kang Ditulis

 Maca geguritzn iku mujudake pambudidaya medharake isine rasa pangrasa lannpikiran kang dikandhut szjroning geguritan marang won liya supaya dheweke bisa mangerteni, paham, lan sangguo nemokake kanikmatan saka makna kang dikandhut sajroning geguritan iku. Kajaba saka iku, maca geguritan uga mujudake pambudidaya kanggo ngunggah lan nangekake rasa seni utawa estetika saka para pamiyarsa. Sajroning paulangan basa jawa, maca geguritan iku kapilah dadi rong werna, yaiku;
  1. Maca kanggo mangerteni isine gguritan. Ana ing kene maca ora oerlu banter, ora perlu nggatekake intonasi, lafal, lsp, kang baku sabubare maca kudu bisa mangerteni apa isine gguritan mau. 
  2. Maca ekspresif, utawa maca endah. Zna ing kene anggone maca geguritan kudu banter, nggatekake intonasi, lafal kanthi tujuwan aweh panglipur marang wong kang ngrungokake, sadurunge maca geguritan luwih disik uga kudu mangerteni isining geguritan mau, dadi apa kang dadi pesene geguritan bisa tumekan.
Gawe marem lan senenge pamiyarsa utawa kang nonton iku ora gampang. Mula juru gurit kudu duwe sangu sing cukup. Saora-orane sing kudu ditindakake yaiku aca teks geguritan iku marambah-rambah, makapaing-kaping saengga dheweke bisa mangerteni maknane geguritan iku kanthi becik. Sabanjure juru gurit kudu duwe sangu mental lan teknis. 
  1. Sangu ental iku arupa rasa tatag, ora isan isin utawa wedi, sarta bisa srawung utawa komunikasi karo para kang padha nonton kanthi becik.
  2. Sangu teknis iku aripa swara kang banter, intonasi lan pocapan kang bener. Sin kaya mangkono mau ora bisa didadak, nanging butuh latihan-latihan kang ajeg.
Tuladha: 




Comments