KD 3 Pertemuan 1 (XI)

Ngidhentifikasi Struktur Teks Sesorah





Sesorah iku mujudake salah sawijining kegiyatan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang ditojukake marang wong akeh. Sesorah iku gedhe banget mumpangate minangka szrana sesambungan karo masyarakat kanthi langsung, satemah apa kang dikarepake bisa langsung dibuwarakake lan bisa antuk tanggapan setuju utawa ora. Ancas utawa tujuwane sesorah iku:
1. Kanggo menehi pangerten utawa kawruh.
2. Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liya.
3. Aweh panglipur.
4. Suka pangrimuk (mbujuk) supaya melu apa kang diandharake pamicara.

Dene perangane utawa cengkorongane sesorah yaiku:
1. Salam pambuka
2. Pambuka (purwaka), isine:
  •  Mbagekake tamu lan
  •  Ngucapake syukur;
3. Surasa (isi);
4. Panutup (wacana), isine:
  • Pangarep-ngarep
  • Ngaturake luput.
5. Salam panutup

Tuladha teks sesorah.



Aweh Tanggapan Ngenani Isine Sesorah

Para siswa bisa menehi tanggapan kanthi nyatakake sarujuk, nampa utawa nolak kang diandharake pamicara lumantar sesorahe, sinartan alesan kang nguwatake panemumu. Tanggapan bisa diandharake kanthi katrangan lisan apadene tulisan. Dene aweh tanggapan kang becik iku prayogane nggatekake bab-bab ing ngisor iki:
1. Tanggapan diandharake kanthi basa lan sikap kang becik.
2. Tanggapan diandharake kanthi pawadan utawa/alesan sing logis utawa ketemu nalar.
3. Tanggapan diandharake saperlune wae lan ira ngayawara.
4. Tanggapan diandharake ora kanthi tujuwan ngasorake pribadine wong liya.


Tugas.
Gatekna teks sesorah ing ngisor iki!

Bebaya Snack

Kanca-kanca sing daktresnani, kepriye kabare? Rak padha slamet ta?

Sadurunge mangga dakdherekake ngonjukake rasa syukur ana ngarsane Gusti Ingkang Maha Agung amarga saka keparenge panjenengan lan bisa ngestreni patemon ing wektu iki kanthi slamet ora ana alangan sawiji apa.

Ing kene aku arep ngaturake babagan bebaya snack. Ing ngendi-ngendi saiki akeh panganan kang kawungkus plastik utawa dluwang sing dipasarake tanpa kodhe prodhuksi lan wates mangsa edhare. Yen wates mangsa edhare dicantumake kalamangsane wi kliwat utawa kadaluwarsa. Perkara iki mbebayani, amarga iklim tropis ing Indonesia ana mangsane ketiga lan rendheng, hawane lembab sin gampang nukulake jamur. Saliyane iku, yen dititipriksa ing laboratorium,jroning sawernaning jajanan iku ditzokake bahan-bahan pengawet, bahan pewarna, lan pemabis sing gunggunge rata-rata dhuwur. Bab iki wis ora dadi rahasia maneh, amarga kabeh pabrik snack mung golek bathi tanpa peduli marang kuwarasane konsumen.

Pitakone, apa resiko sing bakal ditanggung dening kanca-kanca yen seneng ngemil snack kang ngandhut bahan pengawet, pewarna, lan pemanis gawean? Wangsulane cetha, generasi mudha bakal nabung memala, amarga terus-terusan mangan bahan pengawet pewarna, lan pemanis gawean ing saben dina bakal nggrogoti kuwarasane awak. Keslametan generasi mudha iku mujudake bab pentig kang peru digatekake tumrap adegig bangsa lan negara, amarga kanoman iku mujudake generasi penerus.

Banjire maneka warna snack tanpa kodhe prodhuksi lan wates mangsa edhare, sing nganggo bahan pengawet, pewarna lan pemanis gawean padha karo ancaman teroris sing seneng mbledhosake bom ing panggonan rame sing akeh uwonge. Sapa wae sing dadi kurbane. Katitik ancaman snack sing mbebayani kuwi padha karo kejeme narkoba.

Ngelingi bebaya kang kaya mangkono, ayo kanca kabeh padha ngati-ati menawa tuku jajanan snack. Panjenengane lan aku kudu bisa milah lan miluh. Milah sing mbebayani tumrap kasarasan lan milih panganan sing sehat dipangan.

Cukup semene sing bisa dakaturake. Mlaku-mlalu menyang Salatiga, ana luputku nyuwun pangapura.

Nuwun.


Tugase Tulisen tanggapanmu ana ing kolom komentar ngenani isi, struktur lan basa kang digunakake jroning teks sesorah "Bebaya Snack" iku!

Aja lali tulis jenengmu lan no absen. Nuwun.

Comments

  1. Rafif Eka Suryawan
    XI MIPA 1/28

    TANGGAPAN :

    • Isi
    Isi saking teks sesorah ing dhuwur wis apik. Teks kasebut ngelingake kita supaya padha ngati-ati menawa tuku jajanan snack. Nanging ing paragraf 3 kalimat terakhir niku munine ".....kabeh pabrik snack mung golek bathi tanpa peduli marang kuwarasane konsumen" padahal tasih kathah pabrik snack ingkang peduli marang konsumenipun. Nanging pancen bener wonten oknum ingkang ora peduli marang konsumene barang sethithik.


    • Struktur
    Struktur saking teks sesorah ing dhuwur sampun leres. Sampun runtut saking salam pambuka, pambuka, surasa, panutup, lan salam panutup.


    • Basa
    Basa ingkang digunakake ing teks sesorah ing dhuwur kurang bener lan kurang trep. Tuladhane ing salam pambuka isa digawe luwih sopan, kados "Kanca-kanca ingkang kula tresnani, pripun kabare? Mugi-mugi padha slamet lan diberkahi". Ing kalimat liyane uga bisa digawe luwih sopan amarga ingkang maca sesorah ing dhuwur ora mung cah cilik mawon. Wong tuwa sami mawon kedah ngati-ati menawi tumbas jajanan snack.

    ReplyDelete
  2. Muhammad Vicky Firmansyah
    19 / XI MIPA 1

    >Isi :
    Isi ingkang wonten ing sesorah menika sampun apik lan menarik, inggih punika ngenani babagan bebaya utawa resiko jajanan snack kang boten wonten kode produksinipun,ngandhut bahan pengawet,lan bahan pewarna. Lan uga ngajak kita sedaya supados pinter-pinter milih snack utawi jajanan ingkang bakal dipun konsumsi.

    >Struktur :
    Struktur ingkang wonten ing sesorah menika sampun lengkap lan trep. Inggih punika wonten Salam pembuka, Pambuka,Isi,Panutup (wacana), lan salam panutup.

    >Basa :
    1)Basa kang digunakake wonten sesorah menika miturut kula gampang dipahami nalika diwaos, utawa dirungokake amarga basanipun boten ngagem basa ingkang krama alus banget. Nanging lueh becik e ngagem basa ingkang rada alus sitik saking niku amarga sesorah niku saged diwaos dening segala usia, boten mung sak umuran mawon.
    2) Miturut kula salam pambuka kang digunakaken kurang trep. Miturut kula salam pambukanipun saged ngguna'aken Salam(Assalamualaikum..) utawa Ucapan sugeng enjing,siyang lsp. Supados lueh sahi lan sopan.

    Matur suwun.

    ReplyDelete
  3. SYAFA'ANA
    XI MIPA 1 / 32

    Isi sesorah kasebut yaiku babagan bebayan snack amarga akeh panganan kang dipasarake tanpa kodhe prodhuksi lan wates mangsa edhare. Saliyane iku, uga akeh panganan sing ngandhut bahan-bahan pengawet, bahan pewarna, lan pemanis sing mbebayani keslametan generasi mudha.

    Struktur sesorah kasebut sampun lengkap, wiwit saka salam pambuka ngenani srawung kanca, purwaka ngenani ngucapake syukur marang Gusti, surasa ngenani babagan bebayan snack, wacana ngenani pangarep-arep lan ngaturake luput, lan salam panutup ngucapake matur nuwun.

    Basa kang digunakake ing sesorah kasebut kurang trep amarga ana ukara-ukara sing kurang pas yen ditujukake marang wong anyar lan akeh. Ukara-ukara sing kurang trep kasebut bisa diganti kaliyan ukara-ukara sing luwih sopan.

    ReplyDelete
  4. Adibah Auditia Nabila
    XI MIPA 1/03

    Tanggapan :
    • Isi -> Isi saka sesorah menika menarik lan trep kalih kahanan saiki. Amarga sesorah menika ngemutaken babagan katah snack saking pabrik ingkang boten wonten kodhe prodhuksine lan kathah jajanan ingkang dipasarake ing Indonesia ngandhut bahan-bahan pengawet, pewarna, lan liane. Perkara menika saged mbebayani keslametan wong-wong utamane generasi mudha. Saliyane iku, sesorah menika ngelingake kita supaya ngati-ati lan saged milah menawi tuku jajan.

    • Struktur -> Struktur saking teks sesorah menika sampun lengkap lan runtut. Wiwit salam pembuka ingkang ngemot aruh-aruh kanca (tamu), purwaka ngemot ngaturake syukur marang Gusti, surasa ngemot babagan bebaya snack, wacana ngemot ngaturake luput, lan salam penutup ingkang ngemot ngaturake nuwun.

    • Basa -> Basa ingkang digunakake gampil dipahami kaliyan tiyang. Nanging basanipun kirang sopan menawi sesorah menika kangge tiyang luwih sepuh utawa tiyang enggal. Kedahipun basa ing sesorah menika bisa diganti kalih ukara-ukara ingkang luwih trep lan sopan.

    ReplyDelete
  5. Telaga Zia P.P
    XI MIPA 1/33

    Tanggapan :
    • Isi : isinipun sesorah ing dhuwur menika leres lan trep banget kalihan kahanan saiki, teks niku bahas babagan bebayane snack ingkang dipasarke wonten pundi-pundi. Penulis uga ngelingake pamaos supaya milah lan milih jajan ingkang sehat. Dicek rumiyin bungkusse, kode produksine, lan wates mangsa edare. Amargi kesehatan awak sing bisa jagani mung kene dhewe.
    • Struktur : struktur saking teks sesorah ing dhuwur sampun lengkap lan runtut. Wonten salam pambuka, pambuka, surasa, panutup, lan salam panutup.
    • Basa : teks sesorah "bebaya snack" niku gampil dipun pahami, ananging luwih trep yen migunakake basa kang luwih sopan. Amargi, ingkang moco teks kasebut mboten saking jajaran cah nom mawon, tiyang sepuh uga butuhake teks babagan bebayane snack niki. Dados, ukara-ukara ingkang mboten trep kudu diganti kaliyan ukara kang luwih sopan menika.

    ReplyDelete
  6. Putri Ragil Sulistiyani
    XI MIPA 1 / 25

    Tanggapan
    1. Isi
    Saking wacan sesorah ing nduwur niku sampun trep lan nyuguhake babagan kan apik lan unik, amarga babagan kang ngemot informasi panganan ingkang wonten bahan kang mbebayani wong liyo lan mboten wonten kode produksi, iku nggawe dheweke ngati-ati nalika milah-milah panganan kang apik lan ora kanggo awak. Babagan kang cilik nanging nduweni mupangat kang gedhe marang generasi mudha.
    2. Struktur
    Ingkang struktur sampun trep lan runtut, saking awal pambuka kanthi panutup. Ing struktur panutup wonten babagan unik kang digawe penulis yaiku dheweke menehi parikan ing akhir pangarep-arepe kangge nyuwun pangapura.
    3. Basa
    Ingkang basa kang dimigunakake ing wacan sesorah iku wonten babagan kang kurang trep lan sopan, yaiku ing salam pambuka. Supadosaken saged salam kangge ngawali sesorah niku. Saged dipunpilah malih basa kang dimigunakake dadi basa kang sopan, nanging basa iku nggih pun saged dimangertosi marang kabeh wong.

    ReplyDelete
  7. NEILLY IZZATI
    23/XI MIPA 1

    Tanggapan
    •Isi: isi sesorah kasebut trep kaliyan kahanan saniki. Amarga ngemot babagan bebayan snack kang mboten wonten kodhe prodhuksi lan wates mangsa edare, uga ngagem bahan pengawet, pewarna, lan pemanis. Bisa mbebayani tiyang kathah. Pramila, kedah saged milah lan milih jajanan.

    •Struktur: struktur kang sampun trep lan urut sangking salam pambuka, purwaka, surasa, panutup, lan salam panutup

    • Basa:
    a) Basa kang digunakake gampang dipunpahami. Nanging kurang sopan yen dipunwaos kaliyan tiyang sepuh. Tuladha wonten ing salam pambuka luweh becik ngagem salam (assalamu'alaikum, sugeng siyang, sugeng dalu)
    b) Taksih wonten kalepatan panulisan tembung. Tuladha: ditzokake, pentig, miluh

    ReplyDelete
  8. Dwi Agus Ferlina
    XI MIPA 1 / 06

    》Isi saka sesorah kuwi migunani banget, amarga ngelingke menawa tuku jajanan kuwi kudu diati-ati, yen terus terusan mangan jajanan kang ngandhut bahan pewarna, pengawet, pemanis gawean, apa meneh sing tanpa kodhe produksi lan wates mangsa edhare iku bakal nggrogoti kuwarasane awak

    》Struktur kang digunaake sesorah kasebut wis trep, saka salam pembuka kanthi salam panutup

    》Basa kang digunaake ing sesorah kuwi gampang dipahami, nanging basa kang digunaake kurang sopan yen digunaake marang wong sing luwih tuwa

    ReplyDelete
  9. Muhammad Rizqi
    18 / XI Mipa 1

    • Isi:
    Sesorah "Bebaya Snack" ing duwur kuwi mbahas babagan snack, pakanan sing ditresnani wong akih namung wakih memala kang iso ditimbulke. Penulis nulis babagan kang apik, isine trep kangge diwaca wong tuwa sing njaga bocahe. Penulis mbahas dikawiti memala saka snack sing mblader ning umum, nganti ngelengke pawaca supaya ati-ati mangan snack kakean lan sing ora becik kanggo awak

    • Struktur:
    Miturut kulo, sesorah "Bebaya Snack" ing duwur wis bener. Salam Pambuka ing paragraf 1. Pambuka ing paragraf 2. Isi kawit paragraf 3 ngasi paragraf 5. Panutup ing paragraf 6 lan 7. Lan salam panutup ing bagian paling ngisor pol.

    • Basa:
    Miturut kulo, sesorah "Bebaya Snack" ing duwur migunakake basa ngoko lugu. Namun, karena sesorah niku nyampekke informasi kang kudu iso mlebu ing saben sapada, yo trep nek migunakake basa Jawa ngoko lugu. Ben saged dipahami pawaca enom lan tuwa.

    ReplyDelete
  10. HIMA ALYSIA CALISTA
    XI MIPA 1 / 12

    1. Isi
    Isinipun sesorah menika sampun apik lan trep kaliyan kahanan saiki ,teks kasebut bahas Babagan bebayane Snack kang mboten wonten kode produksi lan ingka ngandhut bahan pengawet. Lan uga sedaya ngajak kita ngati ngati dening tumbas Snack ingkang badhe di konsumsi.

    2. Struktur
    Struktur saking teks sesorah menika sampun lengkap lan runtut. Ingkang punika wonten salam pembuka ,pambuka , isi ,panutup ,lan salam penutup.

    3. Basa
    Basa ingkang dimigunakake ing wacan sesorah kasebut gampil dipun pahami,nanging wonten basa kang kurang trep ,basa sing kurang trep menika saget dipun gantos kagem basa kang luweh trep.

    ReplyDelete
  11. Fasya Riana Azzumi
    XI MIPA 1 / 08

    Tanggapan :
    * Isi : Ingkang babagan sesorah ing dhuwur ngemotake bebayan snack sing dipasarake wonten ngendi-ngendi.Amarga jajanan kasebut ngandut pengawet,pewarna lan pemanis gawean ingkang bisa bebayani keslamatan wong sing mangan snack kasebut.

    * Struktur : Struktur babagan sesorah ing dhuwur sampun trep.Runtut saking salam pambuka,pambuka,surasa,panutup lan salam panutup.

    * Basa : Basa sing digunakake wonten babagan sesorah ing dhuwur gampang dipunpahami.Nanging wonten basa sing kurang sopan yen digunakake kalihan tiang sepuh.

    ReplyDelete
    Replies
    1. Amanda Try Prastika
      XI MIPA 1/04

      •Isi :
      Isi ingkang wonten ing sesorah menika sampun apik, inggih punika ngenani babagan bebaya utawa resiko jajanan snack kang boten wonten kode produksi,ngandhut bahan pengawet,lan bahan pewarna.

      •Struktur :
      Struktur ingkang wonten ing sesorah menika sampun lengkap lan trep. Inggih punika wonten Salam pembuka, Pambuka,Isi,Panutup (wacana), lan salam panutup.

      -Basa :
      Basa kang digunakake wonten sesorah menika miturut kula gampang dipahami nalika diwaos, utawa dirungokake amarga basanipun boten ngagem basa ingkang krama alus banget. Nanging lueh becik e ngagem basa ingkang rada alus sitik saking niku amarga sesorah niku saged diwaos dening segala usia, boten mung sak umuran mawon.

      Delete
  12. Nabila Aulia Nida
    XI MIPA 1/20

    ○Isi
    Tanggepan kula babagan isinipun inggih menika menarik yaitu babagan bebaya snack kang saget mbahayakaken generasi muda, mula kita kedah ngati - ngati yen badhe tumbas jajanan snack menika, babagan iki marai kita supaya saget merhatikake sadurunge tuku jajan supados ngertos bahayanipun

    ○Struktur
    Tanggepan kula kangge struktur inggih menika wis trep urut - urutane, lan bener penempatane

    ○Bahasa
    Tanggepan kula kangge bahasanipun inggih menika kurang bener, wonten kata - kata kang kurang trep kangge dipunaturi marang tiyang katah kaliyan wonten kata-kata kang penulisane kurang bener, nanging bahasane saget dipunpahami

    ReplyDelete
  13. Nama : Sheila Deninta Maharani
    Kelas : XI-MIPA 1
    No. Absen : 31

    Tanggapan teks sesorah babagan :
    1) Isi -> isi ingkang kamot ing teks sesorah menika apik lan trep kaliyan kahanan jaman sakniki. Ing teks niki ngamot babagan bebayane snack/jajanan sakniki kang katah dipasarke nanging mboten wonten kode produksine lan wates mangsa edhare. Sakliyane iku, jajanan kang dipasarke puniku ngandut bahan-bahan pengawet, pewarna, lan bahan-bahan laine kang ora alami (ngandut akeh bahan kimia). Bab-bab puniku kang saget mbebayani kesehatane masyarakat awam. Ing teks menika uga maringi peringatan (ngelingake) kangge masyarakat yen arep tuku jajanan kuwi kudu pilah-pilih, kudu pilih kang zat-zat e teruji aman lan wonten kode produksine.

    2) Struktur -> struktur kang kamot ing teks sesorah menika sampun trep, lengkap, lan runtut. Dipunwiwiti saka salam pambuka, purwaka, surasa, panutup, nganti salam panutup.

    3) Basa -> basa kang digunaake ing teks menika gampil dipahami nanging akeh ukara-ukara kang minggunaake basa kang kurang sopan yen dipunwaos kaliyan tiyang sepuh. Amargi ingkang maos teks sesorah puniku mboten namung wong enom nanging wonten uga tiyang sepuh, punapa malih tiyang sepuh kang dereng dikenali. Luwih apik yen nulis sesorah puniku minggunaake basa kang sopan lan gampil dipahami. Bab-bab niku yen ditrepke malah gadahi poin-poin plus lan ndadosake teks sesorah puniku luwih menarik kangge diwaos.


    ReplyDelete
  14. Halida syafira
    XI MIPA 1 / 10

    •Isi
    Isi ingkang wonten sesorah menika sampun apik lan trep, teks kasebut bahas babagan bebaya snack kang saget mbahayakaken generasi muda, mula kita kedah ngati - ngati yen badhe tumbas jajanan snack menika. Babagan iki marai kita supaya saget merhatikake sadurunge tuku jajan supados ngertos bahayanipun lan ngajak kita ngati-ngati dening tumbas snack kang arep dikonsumsi.

    • Struktur
    Struktur ingkang wonten ing sesorah menika sampun trep. Inggih punika wonten salam pembuka, pambuka, surasa, panutup, lan salam panutup.

    •Basa
    Basa kang digunakake wonten sesorah menika gampang dipun pahami, nanging wonten basa kang kurang sopan yen digunakake marang wong sing luwih tuwa.

    ReplyDelete
  15. Mahatma Aprilia nah
    XI MIPA 1/15

    Tanggapan
    1. Isi 
    Saking wacan sesorah ing nduwur niku sampun trep lan nyuguhake babagan kan apik lan unik, amarga babagan kang ngemot informasi panganan ingkang wonten bahan kang mbebayani wong liyo lan mboten wonten kode produksi, iku nggawe dheweke ngati-ati nalika milah-milah panganan kang apik lan ora kanggo awak.
    2. Struktur
    Ingkang struktur sampun trep lan runtut, saking awal pambuka kanthi panutup. Ing struktur panutup wonten babagan unik kang digawe penulis yaiku dheweke menehi parikan ing akhir pangarep-arepe kangge nyuwun pangapura. 
    3. Basa 
    Ingkang basa kang dimigunakake ing wacan sesorah iku wonten babagan kang kurang trep lan sopan, yaiku ing salam pambuka. Saged dipunpilah malih basa kang dimigunakake dadi basa kang sopan, nanging basa iku nggih pun saged dimangertosi marang kabeh wong. 

    ReplyDelete
  16. Maulia Nurul Rahmawati
    XI MIPA 1/16

    Isi
    Isi sesorah kasebut sampun apik lan trep. Amarga ngemot babagan bebayan snack kang mboten wonten kodhe prodhuksi lan wates mangsa edare, uga ngagem bahan pengawet, pewarna, lan pemanis. Babagan iki marai kita supaya saget merhatikake sadurunge tuku jajan, supados ngertos bahayanipun lan ngajak kita ngati-ngati dening tumbas snack kang arep dikonsumsi.

    Struktur
    Struktur kang digunaake wis trep, saka salam pembuka kanthi salam panutup.

    Bahasa
    Basane saget dipahami nanging wonten basa sing kurang bener, wonten kata-kata kang kurang trep kangge dipunaturi marang tiyang katah kaliyan wonten kata-kata kang penulisane kurang bener.

    ReplyDelete
  17. Maulia Nurul Rahmawati
    XI MIPA 1/16

    Isi
    Isi sesorah kasebut sampun apik lan trep. Amarga ngemot babagan bebayan snack kang mboten wonten kodhe prodhuksi lan wates mangsa edare, uga ngagem bahan pengawet, pewarna, lan pemanis. Babagan iki marai kita supaya saget merhatikake sadurunge tuku jajan, supados ngertos bahayanipun lan ngajak kita ngati-ngati dening tumbas snack kang arep dikonsumsi.

    Struktur
    Struktur kang digunaake wis trep, saka salam pembuka kanthi salam panutup.

    Bahasa
    Basane saget dipahami nanging wonten basa sing kurang bener, wonten kata-kata kang kurang trep kangge dipunaturi marang tiyang katah kaliyan wonten kata-kata kang penulisane kurang bener.

    ReplyDelete
  18. Shafira Iffah Azhari
    XI MIPA 1 / 30
    1.) isi
    Isi wonten ing teks sesorah menika sampun trep lan pas kaliyan kahanan saiki amarga akeh wong sing tuku Snack. Ing teks bebaya Snack iku wonten babagan kang ngemot informasi panganan kang mbebayani wong liyo lan mboten wonten kode produksi.Lan ngandut pengawet,pewarna lan pemanis gawean ingkang bisa bahayani wong sing tuku lan sing mangan kasebut.
    2.) Struktur
    Struktur wonten ing teks sesorah menika sampun trep,apik lan runtut . Inggih punika wonten salam pembuka, pambuka, surasa, panutup, lan salam panutup.
    3.) Basa
    Basa kang digunaake ing teks sesorah menika gampang dipahami, nanging wonten basa ingkang kurang sopan lan wonten kata-kata kang penulisane kurang bener.

    ReplyDelete
  19. Halida syafira
    XI MIPA 1 / 10

    Isi ingkang wonten sesorah menika sampun apik lan trep, teks kasebut bahas babagan bebaya snack kang saget mbahayakaken generasi muda, mula kita kedah ngati - ngati yen badhe tumbas jajanan snack menika. Babagan iki marai kita supaya saget merhatikake sadurunge tuku jajan supados ngertos bahayanipun lan ngajak kita ngati-ngati dening tumbas snack kang arep dikonsumsi.

    Struktur ingkang wonten ing sesorah menika sampun trep.

    Basa kang digunakake wonten sesorah menika gampang dipun pahami, nanging wonten basa kang kurang sopan yen digunakake marang wong sing luwih tuwa

    ReplyDelete
  20. Friska Syaharani
    XI MIPA 1 / 09

    Isi ingkang wonten sesorah menika sampun apik lan trep, teks kasebut bahas babagan bebaya snack kang saget mbahayakaken generasi muda, mula kita kedah ngati - ngati yen badhe tumbas jajanan snack menika. Babagan iki marai kita supaya saget merhatikake sadurunge tuku jajan supados ngertos bahayanipun lan ngajak kita ngati-ngati dening tumbas snack kang arep dikonsumsi.

    Struktur ingkang wonten ing sesorah menika sampun trep.

    Basa kang digunakake wonten sesorah menika gampang dipun pahami, nanging wonten basa kang kurang sopan yen digunakake marang wong sing luwih tuwa

    ReplyDelete
  21. Nama: Adi Ardiyanto Wicoro
    Kelas: XI MIPA 1/02


    1. Isi
    Isinipun sesorah menika sampun apik lan trep kaliyan kahanan saiki ,teks kasebut bahas Babagan bebayane Snack kang mboten wonten kode produksi lan ingka ngandhut bahan pengawet. Lan uga sedaya ngajak kita ngati ngati dening tumbas Snack ingkang badhe di konsumsi.

    2. Struktur
    Struktur saking teks sesorah menika sampun lengkap lan runtut. Ingkang punika wonten salam pembuka ,pambuka , isi ,panutup ,lan salam penutup.

    3. Basa
    Basa ingkang dimigunakake ing wacan sesorah kasebut gampil dipun pahami,nanging wonten basa kang kurang trep ,basa sing kurang trep menika saget dipun gantos kagem basa kang luweh trep.

    ReplyDelete
  22. IFFAH ZAKIYA Y
    XI MIPA 1/13

    Tanggapan
    Isi : isi sesorah ing dhuwur leres lan trep kaliyan kahanan zaman saiki, amargi bahas babagan bebayane snack utawa jajan ingkang dipasarke tig pundi mawon. Penulis ngelingake supaya milih jajan kang sehat. Dipun cek rumiyin bungkusipun, kode produksi, lan kadaluarsanipun. Amargi kesehatan awak kui penting.
    Struktur : struktur saking teks sesorah ing dhuwur sampun runtut. Wonten salam pambuka, pambuka, surasa, panutup, lan salam panutup.
    Basa : teks sesorah "bebaya snack" niku gampang dipun pahami, ananging luwih trep yen migunakake basa kang sopan malih. Amargi, ingkang moco teks kasebut saking kathah kalangan, kalebu tiyang sepuh uga butuhake teks babagan bebayane snack niki. Dados, ukara ingkang kirang trep kedah diganti kaliyan ukara ingkang sopan lan trep.

    ReplyDelete
  23. Putri Eka Erwanti
    XI MIPA 1 /24

    Tanggapan :
    ▪Isi
    Isi saka sesorah ing dhuwur kasebut apik lan trep banget kaliyan kahanan saiki, amarga teks kasebut bahas babagan sing ngemot informasi snack ingkang wonten bahan sing ngandhut bahan pengawet lan mboten wonten kode produksi. Kita kudu ngati-ati nalika milah snack kang apik lan ora apik kangge dikonsumsi.
    ▪Struktur
    Struktur saka sesorah ing dhuwur sampun lengkap lan runtut. Wonten salam pambuka, pambuka, surasa, panutup, lan salam panutup.
    ▪Basa
    Basa saka sesorah ing dhuwur niku gampil dipun pahami, nanging luwih trep yen gunakake basa sing luwih sopan.

    ReplyDelete
  24. Laura Cournikova M
    XI MIPA 1
    14
    Tanggapan :
    ▪Isi
    -> Isi saka sesorah ing dhuwur kasebut apik lan trep banget kaliyan kahanan saiki, amarga teks kasebut bahas babagan sing ngemot informasi snack ingkang wonten bahan sing ngandhut bahan pengawet lan mboten wonten kode produksi. Kita kudu ngati-ati nalika milah snack kang apik lan ora apik kangge dikonsumsi.
    ▪Struktur
    ->Struktur saka sesorah ing dhuwur sampun lengkap lan runtut.
    ▪Basa
    ->Basa saka sesorah ing dhuwur niku gampil dipun pahami,nanging wonten basa kang kurang trep ,basa sing kurang trep menika saget dipun gantos kagem basa kang luweh trep lan sopan.

    ReplyDelete

  25. Naufal Afif G/21
    XI MIPA 1

    1. Isi
    Isinipun sesorah menika sampun apik lan trep karo keadaan saiki ,teks kasebut bahas Babagan bebayane Snack kang mboten wonten kode produksi lan ngandung bahan pengawet. Lan uga sedaya ngajak kita ngati ngati dening tumbas Snack ingkang badhe di konsumsi.
    2. Struktur
    Struktur saking teks sesorah menika sampun lengkap lan runtut. Ingkang punika wonten salam pembuka ,pambuka , isi ,panutup ,lan salam penutup.
    3. Basa
    Basa kang digunakake ing wacan sesorah kasebut gampang di pahami,nanging ono basa kang kurang trep ,basa sing kurang trep iso diganti anggo basa kang luweh trep.

    ReplyDelete

Post a Comment