Nulis Teks Sesorah
Menawa nulis sesorah luwih dhisik kudu nemtokake;
1. Tema kang mujudake bakuning gagasan sing bakal diwedharke. Sawise iku banjur nemtokake irah-irahan sesorah (judhul karya).
2. Nulis cengkorongan jumbuh karoperangane sesorah (out lines)
3. Sawise cengorongan digawe, banjur kawiwitan nulis naskah.
Murih gamblange setitekna tuladha ing ngisor iki
1. Tema "Bebaya Narkoba"
2. Cengkorongan Sesorah
a. Salam pambuka.
> Atur kawilujengan
b. Mbagekake lan atur pakurmatan
> para pinisepuh
> para bapak lan ibu
c. Ngucapake Syukur
> Ngonjukake syukur marang Gusti Ingkang Maha Agung
d. Surasa (Isi)
> Pangerten narkoba
> Jinis narkoba
> Dampak Narkoba
e. Pangarep-arep
> Ngajak supaya kabeh njaga putra-putrine amrih ora nganti kejlomprong ing donyaning narkoba.
f. Ngaturake luput
> Mbok menawa ana kleru anggone matur, nyuwun pangapura.
g. Salam Panutup
> Nuwun
3. Dadine Teks Seorah
Nuwun.
Kawiujengan kasarasan tuwin karahayon mugi tansah kasarira panjenengan lan kula.
Para pinisepuh ingang satuhu kinabekten saha bapak iu ingkang bagya mulya.
Ingkang sepisan, sumangga kula dherekaken memuji wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuwaos, awit saking keparengipun saha berkahipun, panjenengan saha kula tansah ginanjar kawilujengan. Saengga tasahbpikantuk kekiyatan lair batos saged kempal manunggal ing papan punika.
Wonten ing wekdal punika keparenga kula ngaturaken andharan ingkang gegayutanipun kaliyan narkoba. Narkoba inggih punika zat ingkang dipunasilaken (diproduksi) sakin tetaneman tartamtu ingkang saged ngandhapaken utawi ngrobah kasarasan, aged ngicalaken raos sakit, lsp. Zat punika ugi saged ndadosaken nggathok (kecanduan). Narkoba punika saged dipunperang dados 3, inggih punika;
1. Candu (opium), asilipun olahan saking tlutuh wohipun papaversomniferum.
2. Cocain (erythroxiln coca), asilipun olahan saking coca. Ing salebetipun cocain wonten kandhutanipun cocainamphetamines, penmetrozine, lsp.
Ganja (carabis sativa), asilipun olahan saking wir ganja. Tuladhanipun marihuana, lsp.
Tiyang ingkang nyipangaken panganggenipun narkoba saged ngalai maneka gangguan kados ta, ipotensu, konstipasi kronis (bedhegelen), kanker usus, perforasi sekat hidung. Sawitawis amargi piranti ingkang dipun ginakaken boten steril saged nuwuhake maneka warna infeksi umpaminipun hepatitis, HIV, saha AIDS. Wondene dhampak psikis kados ta solah bawa ingkang mboten limrah, dhepresi lan kepengin nggayut tuwuh, sateah ing babagan sosial anjalari mandhapipun prestasi sekolah, kuliyah lan nyambut gawe.
Prekawis narkoba punika sapun dados prekawis ingkang ndadosaken tiyang sepuh ajrih lan nguwatosaken putra-putrinipun ingkang taksih remaja. Amargi para mudha turamuna kakawau ingkang asring dados korban jalaran pikiranipun taksih labil saengga gampil dipunbujuk supados ngginakaken narkoba punika. Pramila kula namung saged atur pemut bilih tiyang sepuh kedah saestu nggatosaken putra-putranipun, utaminipun pergaulan ugi saged njrumusaken dhateng prekawis narkoba kalawau.
Babagan narkoba pamarintah ugi mboten kendel kemawon, sampun dipundamel undhang-undhang ingkang ngatur sedaya ingkang wonten gegaytutanipun kaliyan narkoba, kalebet sanksi utawa ukuman kangge ingkang sampun nglanggar. Antawisipun para tani ingkanf nanem taneman narkoba, para pengedar, ugi pecandhu narkoba.
Bapakbibu ingkang kinurmatan. Mangga sesarengan gawasi putra putrinipun saha para remaja supados mboten ngantos kejlomprong dhateng donyaning narkoba, angengeti bebaya narkoba ingkang pranyata saged ngrisak generasi bangsa.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi wonten ginanipun. Menawi wonten atur kula ingkang kirang mranani penggalih panjenengan, kuka nyuwun pangapunten. Tuku punten menyang Kartosura, nyuwun pangapunten lepat kawula.
Nuwun.
Tugas:
Ndamel Teks Sesorah kanthi tema :
1. Absen 1-10 : "Mengeti Dinten Basa Ibu"
2. Absen 11-20: " Mengeti Dinten Bumi"
3. Absen 21- 35: " Mengeti Dinten Buku"
Comments
Post a Comment