KD 3 PERTEMUAN 3

 Maca Teks Sesorah

Maca Teks Sesorah Kanthi Lafal, Intonasi, lan Sikap kang Becik

Perlu diangerteni, nalika sesorah supaya digatekake anggone micara kudu nengsemake. Micara kang nengsemake iku ora mung awujud pakecapane wae ananfing uga kabangun saka patrape wong kang guneman. 
Patrape wong wong wasis guneman iku ana sepuluh.
  1. Miwiti anggone icara menawa wis antyk palilah lan swasana apik.
  2. Lancar gunemane
  3. Gandhang swarabe, lan gunemane ora kesusu.
  4. Ndeleng marang wong kang diajak guneman.
  5. Angen-angene logis.
  6. Mumpuni utawa ngywasanu apa kang dirembug.
  7. Solah bawane nengsemake.
  8. Solah bawa kang lulrah, tatag kan ora kaku.
  9. Urmat lan nuwuhake rasa paseduluran, sarta ana prenesane utawa geguyone.
  10. Nampa panyendhu utawa usulan.
Dene kang ora kena ditindakake nalika sesirah yaiku:
  1. Gugup,
  2. Mbesengut,
  3. Kukur-kukur,
  4. Siaga kang digawe-gawe,
  5. Ngguyu kanthi digawe-gawe,
  6. Nglebokake tangan ing sak clana,
  7. Ora nggatekake kang diaja guneman,
  8. Ngobahake awak kanthi ora trep karo kang digunem,
  9. Ndhingkluk utawa kosok baline tansah tumenga,
  10. Ngadeg kanthi lelambaran sikil siji,
  11. Ngadeg kanthi lendhehan podhium,
  12. Ngadeg tanpa nggatekake ppan panggonan,
  13. Ngadeg kaku utawa kosok baline koyo ora ana greget,
  14. Ngadeg kanthi siki kang rapet, utawa kosok baline kanthi begagah.
Kanggone wong kang lagi gegladhen micara ana ngarepe wong akeh biasane ana pepalang. Salah sijine pepalang mau tuwuh saka dhiri pribadine dhewe yaiku rasa cilik ati satemah dadi mindher lan grogi.

Kanggo ngilangi rasa mindher nalika micara gatekna cara utawa tips ing ngisor iki!

  1. Nguwasani isi kang bakal dirembug. Prayogane nyepakake cathetan-cathetan cilik sing penting-penting wae. Senajan mung saklembar kertas kang isine cathetan busa mbiyantu nambah rasa percaya marang awake dhewe.
  2. Nganggo sandhang panganggo sing rapi. Syukur wae bisa gawe sengseme kang mirsani.
  3. Rumangsa yakin lenawa kang diadhepi iku sejajar. Dikrepiye wae, jroning ati kudu percaya menawa sing ngrungokake iku padha-padha manungsa titahe Gusti.
Sawetara metodhe kanggo ngandharake sesorah iku ana papat
  1. Metodhe naskah, yaiku metodhe kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung. Cara iki ditindakake supaya ora kliru, amarga sabeb tembung kang diucapake jroning sesorah kang asioat resmi dirungokake dening masyarakat akeh lan padatan disebarake lumantar medhia.
  2. Metodhe apalan, yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalake.
  3. Metodhe dadakan utawa spontanitaw, yaiku metodhe kang ditindakake ndadak tanpa nggawe naskah luwih dhisik. Biasane metodhe iki ditindakake dening wong sing wis trampil sesorah lan kulina sesorah kanthi dadakan.
  4. Metodhe ekstemporab, taiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah.

Tuladha:





Tugas.
Nggawe video maca sesorah kanthi ketentuan ig ngisor iki!
  1. Ngandharake teks sesorah sing wis kokgawe ana ing njeroning video!
  2. Nggunakake salah siji metodhe sesorah!
  3. Nalika nindakake sesorah kudu nggatekake tatacara lan patrape wong wasis guneman jumbuh karo isine!

Comments