DASANAMA LAN CANGKRIMAN (xi)

 Dasanama lan Cangkriman


A. Dasanama

Dasanama iku tegese maneka warna utawa sesebutan liyane kanggo sawijining paraga utawa manungsa. Biasane dasanama iku kanggo njenengi paraga wayang sing nduweni jeneng luwih saka siji.
Tembung iki asalae saka basa sanskerta "dasanama" lan kanthi cara harafiah tegese "sepuluh jeneng". Tembung iki sawijining kompositum jenis dvigu. Dasanama uga bisa diarani tebung-tembung kang tegese isih nunggal-misah. Tegesing tembung-tembung mau akeh sethithike isih padha, mirip utawa memper, sing diarani sinonim. dadi dasanama iku kena diarani kadidene kamus sinonim. Saliyane kanggo mbedak mbedakake pangerten kanthi premati, anane tembung-tembung mau uga bisa kanggo variasi, suoaya tembung-tembung kang digunakake ora mung kuwi-kuwi wae. Tuladhane kaya ing ngisor iki.




B. Cangkriman

cangkriman padha karo bedhekan, kang tegese tetembungan utawa unen-unen sing kudu dibatang kekarepane, aarga tetembungan mau nduweni teges ora sabenere. Cangkriman kaperang dadi papat, yaiku

1. cangkriman awujud akronim utawa wancahan 
   tuladha;
    a. manuk biru : paman punuk bibi kuru
    b. pak boletus : tipak kebo lelene satus
    c. pipiru dhang-dhang moh thong-thong jur : sapi-sapi kuru kandhang-kandhang amoh, lethog-lethog ajur

2.Cangkriman awujud ukara
    Tuladha:
     a. anakke wani nggebuki wong tuwane : kenthongan
     b. pitik walik saba meja                      : sulak
     
3. cangkriman awujud tembang
    Tuladha:
     Bapak pocung, cangkemmu marep mendhuwur
     sabamu ing sendhang
     pencokanmu lambung kere
     prapteng wisma, si pocung muntah guwaya

    Batangane : Klenthing

4. Cangkriman campuran yaiku cankriman awujud akronim lan ukara.
    Tuladha: 
    Aku duwe ti, dakselehake ana ti, dicolong ti, ilang tine, kari tine.
   
    Batangane : timun, timba tikus, timune, timbane


Tugas:

Cangkriman ing ngisor iki tulisan wujude cangkriman lan batangane!



NB: Tugas dikirim ana ing GC!







Comments