KD 1 Pertemuan 1( SMT 4, XI)

 Mahami Teks Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

Kegiyatan 1: Ngidhentifikasi Struktur Teks Tembang Gambuh.

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh dumadi saka 35 pada. Kaya dene tembang macapat liyane, tembang Gambuh ing serat Wedhatama kaiket dening paugeran kang wis maton yaiku gurugatra, guru wilangan, lan guru lagu.

Deskripsi Tembang Gambuh

Tembang Gambuh mujudake tembang kaping 6 saka kabeh tembang macapat kang cacahe 11. Tembang Gambuh asale saka tembbung "jumbuh" sing sajroning basa jawa ateges wis cocog, pas. menawa diurutake tembang Gambuh iki wujud urutane manungsa sing wis siap arep krama sakwise ketem karo pawogan kang dirasa cocog lan wis oleh restu saka wong tuwa calon penganten.

Nanging sakbenere, kanthi umum tembang Gambuh ora mung ngrembug babagan srawung pengantin. Tembang Gambuh ana ing sajroning praktek kauripan uga uga medharake babagan sesrawungan antara manungsa siji lan sijine supaya katon seimbang saengga kacipta sesrawungan kang ajeg lan menehi manfaat.

tembang Gambuh nduweni syair-syair kang endah lan ngemot babagan nasehat babagan budi pakerti kang sae. salah sawijining isi piwulang mau babagan pentinge mbangun paseduluran, toleransi lan sesrawungan bareng. nilai-nilai iki dibutuhake dening masyarakat modern kang wiwit krisis budi pakerti.

Asal usul Tembang Gambuh 

Tembang Gambuh asal lan populer ana ing Pulau Dewata, Bali. Ana ing Bali, Gambuh nduweni ateges tarian dramatari kang paling inggil tingkatane lan dadi sumber kabeh jenis tarian Bali Klasik. Ana ing salah sawijining literatur uga nyebutake menawa Gambuh wis lair ana ing Abad 15 kang awujud teater panggung 'Panji'. Tembang iki dimainke dening paraga kanthi iringan gamelan.

Karakter lan Watak Tembang Gambuh


Watak tembang Gambuh ditegesi kanthi beda-beda, bisa sedih, seneng, kaku lan murka/nesu. sakbanjure, tembang Gambuh kanthi khusus ngenot watak khas yaiku babagan keluarga lan srawung bebarengan. nduweni watak tegas, wajar, ora ragu-ragu lan jelas.

menawa dirubut maneh kanthi sakabehing isi tembang yaiku kanggo medharake carita lan piwulang urip babagan paseduluran lan toleransi.

Paugeran Tembang Gambuh

Guru Gatra

Tembang Gambuh nduweni 5 guru gatra utawa baris. Ateges ing sabenn bait tembang gambuh kudu kaperang dadi 5 baris kang antara siji lan sijine nduweni sesambungan.

Guru lagu

Tembang Gambuh nduweni guru lagu u, u, i, u,o. Ateges saben lirik ing sajroning gatra dipungkasi vokal-vokal kang wis ditemtokake kasebut kang aran guru lagu mau.

Guru Wilangan

Kajaba guru gatra lan guru lagu, tembang macapat gambuh uga nduweni guru wilangan 7, 10, 12, 8, 8, iki ateges saben gatra utawa baris sajroning bait tembang Gambuh nduweni cacah suku kata utawa wanda kang cacahe ora luwih lan kurang saka sing wis ditemtokake mau.


Tugas

Saka Tembang Gambuh ing ngisor Iki, tuduhna Endi tembang gambuh sing bener miturut pathokan tembang gambuh!
 

Comments

  1. How to Bet on Baccarat - FABCASINO.COM
    The first step in placing a bet is 온카지노 to follow the rules and 바카라사이트 the rules,” the and then to learn how to play the 메리트 카지노 쿠폰 game, especially when you can play in person.

    ReplyDelete

Post a Comment