KD 1 PERTEMUAN 1 (SMT 6, XII)

 Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula babagan Kaprawiran

Apersepsi

Tembung kaprawiran iku tegese kekendelan. Ngesthi kaprawiran iku bisa ditegesi tansah nggegulang ngelmu atosing balung uleting kulit. Mung wae kang dikarepake oara pujangga, dhasaring ngelmu kaprawiran ora tumuju marang babagan rosaning awak lan mrajaya mungsuh, ananging tumuju marang luhuring bebuden, ing antarane wani jujur, wani tumindak bener, lan wani ngadhepi kadurakan.

Serat Tripama iku sawijining karya sastra awujud tembang Dhandhanggula pitung pada kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati arya Mangkunegara IV (KGPAA Mangkunegara IV) ing Surakarta. Serat Tripama ngemot piwulang utawa pitututr bab kaprawiran ing dinyaning kaprajuritan, kanthi nyritakake paraga wayang cacah telu, yaiku Patih Suwanda, Kumbakarna, lan Adipati karna. Serat iki kira-kira ditulis nalika tahun1860-an kanthi ancas didadeake paruldhan tumrape prajurit lan pangarsaning negara uga bebrayan supaya tumindak jumbuh karo tugas lan darmane sowang-wosang. Ing jaman modheren kang kaya wektu iki watak prawira banget dibutuhake kanggo mbangun bangsa lan negara.


Mahami Isi Teks Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula

Serat Tripama iku dumadi saka 7 pada pupuh Dhandhanggula. Jangkepe wacanen kanthi premati teks tembang ing ngisor iki.

kegiyatan 1 Mahami Struktur Teks Tembang Macapat Dhandhanggula


Pada 1 

Yogyanira kang para prajurit
lamun bisa smya anuladha
kadya nguni caritane
andelira sang Prabu
Sasrabahu ing Maespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung triprakara
guna, kaya, purune den antepi
Nuhoni trah utama


Pada 2

Lire lelabuhan tri prakawis
guna bisa saneskareng karya
binudi dadi unggule
kaya sayektinipun
duk bantu prang manggada nagri
amboyong putri domas
katur ratunipun
purune sampun tetela aprang tandhinglan ditya ngalengka aji 
Suwanda mati ngrana.

Pada 3
Wonten malih tuladha prayogi
Satriya gung nagari Ngalengka
Sang Kumbakarna namane
tur iku warna diyu
Suprandene nggayuh utami
duk awit prang Ngalengka
Dennya darbe atur
Mring raka amrih raharja
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
demung mungsuh wanara

Pada 4
Kumbakarna Kinen mangsah jurit
mring kang raka sira tan lenggana
Nglungguhi kasatriyane
ing tekad datan purun
amung cipta labuh nagari
lan nolih yayah rena
myang leluhuripun
wus mukti aneng ngalenga
mangke arsa rinusak ing bala kapi
punagi mati ngrana

pada 5
Yogya malih kinarya palupi
Suryapitra narpati Ngawangga
lan Pandhawa tur kadange
lan yayah tunggil ibu
suwita mring sri kurupati
aneng nagri Ngastina
kinarya gul agul
manggala golongane prang
Bratayudha ingadegken senapati
Ngalaga ing Kurawa

Pada 6
Minungsuhken kadange pribadi
aprang tandhing lan Sang Dananjaya
Sri Karna suka manahe
dene sira piantuk
marga dennya arsa males sih
ira Sang Duryudana
Marmanta kalangkung
dennya ngetog kasudiran
aprang rame Karna mati jinemparing
Sumbaga wiratama

Pada 7
Katri mangka sudarsaning jawi
pantes lamun sagung pra prawira
amirita sakadare
ing lelabuhanipun
aja kongsi mbuwang palupi
manawa tibeng nistha
ina esthinipun
sanadyan tekading buta
tan prabeda budi paduming dumadi
marsudi ing kotaman


Tembang Dhandhanggula kalebu ewone tembang macapat kang kawengku dening paugeran guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra (baris/larik) saben sapada (ait)
  2. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra
  3. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.

Kegiyatan 2. Nemtokake Isi Teks Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula


Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula iku ing saben pada isine ngemot piwulang luhur. Dene kanggo mangerteni isine bisa kanthi cara kaya mangkene:
  1. Nyimak tembang kanthi dibolan baleni;
  2. negesi tembung-tembung sing angel dimangerteni, kayata tembung kawi utawa dasanama kanthi nggoleki tegese ing bausastra (kamus basa jawa);
  3. Ngrakit tembung-tembung mau dadi ukara kanthi paugeran panulise karangan gancaran/prosa.
Gatekna tuladha ing ngisor iki!

Pada ka-1                                      Negesi Tembung sing Angel

Yogyanira kang para prajurit                    Yogya : pantes
lamun bisa smya anuladha                       Samya : padha
kadya nguni caritane                                anuladha : niru
andelira sang Prabu                                kadya : kaya
Sasrabahu ing Maespati                          Tri : telu
Aran Patih Suwanda                               ginelung : digelung
Lelabuhanipun                                       nuhoni : setya marang
Kang ginelung triprakara                        trah : keturunan
guna, kaya, purune den antepi
Nuhoni trah utama


Gancarane Tembang ing dhuwur yaiku:
  • Prayogane para prajurit iku bisa niru kang ana ing dedongengan jaman biyen, yaiku lekase Patih Suwanda andel-andele Prabu Sasrabahu ing negara Maespati. Patih Suwanda ngantepi lelabuhane marang negara kanthi lelandhesan telung perkara yaiku tembung guna, kaya lan purun kanthi mituhu marang trahig wong Maespati.
Isine Tembang:
  • Para prajurit iku anggone labuh negara prayoga netepi tembung guna, kaya, lan purun kaya sing wis ditindakake dening Patih Suwanda ing negara Maespati.


Tugas

  1. Gancarna lan tuduhna isine tembang Dhandahnggula  Serat Tripama ing dhuwur saka pada 2- pada 7!
  2. Kirim tugas ana ing GC!

Comments