KD 1 PERTEMUAN 2 (XI, SMT 4)

 Nemokake Isi Teks Serat Wedhatama Pupuh Gambuh


Serat Wedhatama pupuh gambuh iku pranyata Isine ngemot piwulang luhur. Dene kanggo mangerteni isine kudu digancarake luwih disik, yaiku ngowahi tembang sing kaiket paugeran dadi prosa. Coba setitekna pada tembang gambuh ing ngisor iki!

Tembang Gambuh:
Sembah raga puniku
pakartine wong amagang laku
sesucine asarana saking warih
Kang wus lumrah limang wektu
wantu wataking wewaton

Gancarane:
Sembah raga yaiku tumindake wong sing lagiolah batin. Nyenyuci dhiri kanthi nggunakake banyu. Kang wus lumrah dilakoni ing limang wektu miturut paugerane.


Nanggapi Isi Teks Serat Wedhatama Kacocokake Karo kahanan Masyarakat Ing Wektu Iki.


Ing kegiyatan sadurunge siswa wis mangerteni isine salah siji tembang Serat Wedhatama Pupuh Gambuh kanthi cara nggancarake. Ing kegiyatan iki sabanjure siswa diajak aweh tanggapan mungguh isine tembang kang kokgancarake mauisih cocok (relevan) apa ora karo kahanan jaman saiki.

Tanggapan mujudake atrangan lisan apadene tulisan kanthi ancas kanggo aweh panemu utawa ora sarujuk. Dene supaya bisa ditampa kanthi becik tanggapan prayoga diandharake kanthi basa lan sikap kang becik, alasan sing logis, saperlune wae lan ora kanthi tujuwan ngasorake pribadine wong liya.

Tugas

1. Tembang ing ngisor iki gancarna lan tuduhna isine (amanate)!


2. Tembang ing ngisor iki gancarna banjur wenehana tanggapan!



Comments