Ngembangake Gagasan kanthi Nulis Tembang Macapat Dhandhanggula
Sawise mangerteni tenan paugerane tembang Dhandhanggula, saiki ayo nulis tembang macapat nganggo basane dhewe. Dene tembang Dhandhanggula iku nduweni watak rada sereng utawa galak.
Carane nulis tembang yaiku:
- Temtokna bakune gagasan sing arep oktulis dadi tembang.
- Gawea kumpulan tembung jumbuh karo gagasan kang wis ditemtoke.
- Tulisen paugeran tembang (guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan).
- tatanen tembung-tembung mau miturut paugeran tembang
- yen wus wujud gatra banjur wacanen maneh kanthi tliti, yen [erlu gunakna tembung endah supaya penak dilagokake lan dirungokake.
Gatekna tuladha ing ngisor iki!
Nyajekake Tembang Dhandhanggula Karyane Dhewe
nembang macapat iku supaya kepenak dirungokake prayoga ngepasake titilaras, singgetan, pedhotan, gregel, cengkok lan watake tembang supaya luwih becik anggone nembang, uga prayoga mangerteni isine tembang, semono uga tembang Dhandhanggula. gatekna tembang ing ngisor iki!
Tuladha Nembang Dhandhanggula:
Tugas!
- Gawea lirik tembang Dhandhanggula kanthi adhedhasar pathokan kang bener!
- Gawea video kowe nembang Dhandhanggula sing wis kok gawe mau!
- Kirim tugasmu kuwi ana ing GC kang wis ditemtokake!
Comments
Post a Comment