Ngembangake Gagasan kanthi Nulis Tembang Macapat Gambuh
Sawise mangerteni tenan paugerane tembang Gambuh, saiki ayo nulis tembang macapat nganggo basane dhewe. Dene tembang Gambuh iku nduweni watak rada sereng utawa galak.
Carane nulis tembang yaiku:
- Temtokna bakune gagasan sing arep oktulis dadi tembang.
- Gawea kumpulan tembung jumbuh karo gagasan kang wis ditemtoke.
- Tulisen paugeran tembang (guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan).
- tatanen tembung-tembung mau miturut paugeran tembang
- yen wus wujud gatra banjur wacanen maneh kanthi tliti, yen perlu gunakna tembung endah supaya penak dilagokake lan dirungokake.
Nyajekake Tembang Gambuh Karyane Dhewe
nembang macapat iku supaya kepenak dirungokake prayoga ngepasake titilaras, singgetan, pedhotan, gregel, cengkok lan watake tembang supaya luwih becik anggone nembang, uga prayoga mangerteni isine tembang, semono uga tembang Gambuh. gatekna tembang ing ngisor iki!
Gambuh pelog nem
3 5 5 5 5 3 56
Sa - meng - ko ing - sun tu - tur
6 5 3 2 2 3 5 5 3 56
Sem - bah ca - tur su - pa - ya lu - mun - tur
2 1 6 1 2 2 2 2 3 1 6 5
dhi - hin ra - ga cip - ta ji - wa ra - sa ka - ki
1 2 2 2 3 1 2 3
ing ko - no la - mun ti - ne - mu
3 5 6 5 3 23 1 2
tan - dha nu - gra - ha - ning ma - non
Tuladha nembang Gambuh
Tugas!
- Gawea lirik tembang Gambuh kanthi adhedhasar pathokan kang bener!
- Gawea video kowe nembang Gambuh sing wis kok gawe mau!
- Kirim tugasmu kuwi ana ing GC kang wis ditemtokake!
Comments
Post a Comment