Wewaler Kanggo Wong Jawa
Wewaler utawa ila-ila marang Pakarti tinamtu sing asring kaucapake Deming leluhur. Ora cetha kepriye mula bukane dene Wewaler kasebut wekasan dadi kapercayan turun temurun. Dinuga ila-ila mau adhedhasar kedadeyan negatif sing tau kelakon lan mbebayani tumrap sing ngalami. Percayane orane sumangga, jalaran ana kene watonane mbok menawa mung ngelmu tiren.
Ing jaman modhern kang uga katelah jaman globalisasi kaya ing wektu Iki, budaya manca prasasat ora bisa dibendung, mligine kang mlebu lumantar medhia kayata; TV, internet, radhiyo lan layang kabar. Pamikire wong manca sing nengenake rasionalitas mesthi wae akeh sungsate Karo kapercayane masyarakat Jawa. Sanajan mangkono saperangan Gedhe bebrayan Jawa nyanyi Saiki isih akeh kang pitaya marang budayane kaya dene budaya Wewaler. Ing ngisor Iki ing antarane Wewaler sing dadi kapercayan ngantri Saiki.
- Kesuwen ana jedhing : aja kesuwen ana jedhing jalaran bisa nyebabake praupan Katon luwih tuwa Tinimbang umur kang satenane.
- Lungguh ingvtengah Lawang : aja lungguh ana ing tengah Lawang, Awit Yen ana badan Alus ngliwati Lawang kasebut, sing lungguhan bakal katerak LAN tundhone lara nenen.
- Lungguh ing tengah Lawang ngepasi udan : aja kumawani lungguh ana ing tengah Lawang ngepasi udan deres, amarga bisa kesamber bledheg kang satemene arep nyambar lelembut sing ana Kono.
- Mangan ing ngarep Lawang : Asring mangan ana ngarep Lawang bisa angel oleh jodho.
- Mangan ndhisiki wong tuwa : aja kumawani imbuh Sega sadurunge wong tuwa Shahar, Awit Pakarti kaya mangkono mau bisa ngedohake rejeki.
- Mbuwang Sega : mbuwang sisa Sega ing piring kanthi pawadan wereng wis wareg bisa nuwuhake kedadeyan mbilaeni. Kulawarga tansah congkrah, Wiwit mung kok lokan ngantri ketengan sing njalari paten pinaten.
- Ngalih enggon Malika pinuju mangan : sok sapaa sing pindhah enggon Malika nedhenge mangan, mbesuke bakal entuk ibu kuwalon, kajaba Yen pindhah enggon menyang papan kang luwih becik.
- Nyablek bokonge anak wadon : nyablek bokonge ana wadon ora diolehi Awit mbesuke si anak bisa dadi bocah sing nggiwar saka angger anggere agama, Yen omah omah bakal tansah congkrah Karo sing Lanang.
- Sedhi wektu Menteng : marang wanita sing lagi nggarbeni ora kena kerep sussah, jalaran bayi sing dikandhut lahir bisa dadi bocah aleman.
- Tango turu kawanan : Tangi kawanen, apa meneh Yen kedhisikan pletheking srengenge bakal ngedohake rejeki.
- Turu wanci Maghrib: turu ngepasi Maghrib utawa pas srengenge angslup ndadekake akale ora nduwe isin utawa edan taun.
Wewaler iku kalamangsane isine pancen ora bisa nemu nalar, ananging pranyata akeh sing ngemot pitutur Sunandi. Mula jroning nampa Wewaler Prayoga ora mung ditampa wantah nanging kudu disurasa luwih Jero, satemene apa kang njalari dene sawijining tumindak ora kena ditindakake. Tuladhane kaya mangkene;
- Aja lungguh ing bantal mundhak wudunen: Bantal kuwi Kanggo Sirah, kok dinggo lungguh, mesthi wae iku ora kena sebab clanane ora mesthi resik, amarga dienggo ing saenggon enggon papan.
- Aja seneng nginjen mundhak timbilen: ora ana sambung rapete ing antarane nginjen Karo timbilen, ananging nginjen iku pancen tumindak ora becik menawa konangan bisa digebuki uwongbutawa menawa nedheng nginjen diculek mripate bakal Tatu.
- Barang kang diwenehake aja dijaluk meneh, mengko mundhak gondhongen: iki uga tumindak sing ora becik jalaran menawa weweh iku kudu kanthi ikhlas.
Isih akeh meneh Wewaler kanggone wong Jawa. Apa sebabe para leluhur mbiyen menawa aweh ila ila utawa pitutur ora kanthi thok Leh utawa dikandhake apa anane? Mbok menawa wektu iku Kanggo nglarang tumindak ora becik kudu diweden wedeni luwih dhisik utawa supaya kang dituturi gelem mikir lan tansah kelingan.
Comments
Post a Comment