KD 2 PERTEMUAN 2 (XI SMT 4)

 Ngidhentifikasi Unsur Intrinsik Sajroning Crita Rakyat


Crita rakyat iku nduweni unsur intrinsik. Dene unsur intrinsik kang ana ing crita rakyat yaiku:
  1. Tema, yaiku gagasan baku Kanggo landheaan nganggur crita sing bisa dijupuk saka pengalaman, panaliten, gagasan utawa pangangen-angen.
  2. Alur, yaiku lakuning cerita saka awal nganti akhir. Jinise yaiku alur maju, alur mundur, alur anti klimaks, alur klimaks, lan alur kronologis.
  3. Paraga, yaiku tokoh sajroning Crita nyakup paraga antagonis, protagonis dan tritagonis.
  4. Watak paraga, yaiku sipat utawa wewategane para paraga, tuladhane becik, welas asih, kukuh, sregep, sabar lan sapanunggale.
  5. Latar, yaiku katrangan papan, wektu, lan swasana kedadeyan.
  6. Amanat, yaiku isine crita sing bisa dijupuk lumrahe awujud piwulang.



Tugas!

Goleka Crita rakyat ana ing majalah, koran utawa buku lan bisa uga browsing ana ing internet, banjur golekana unsur intrinsik sing ana ing sajroning Crita mau.

Tugas dikirim ana ing GC! Nuwun.

Comments