KD 3 PERTEMUAN 1 ( XI IPA 1, SMT 4)

 Pariwara mujudake sarana Kanggo aweh informasi lan ngrimuk supaya uwong kang padha ngerti dadi kesengsem banjur nggunakake prodhuk utawa jasa kang ditawakake. Pariwara uga bisa awujud wara-wara lowongan gawean lan pawarta kaluwarga. Ing jaman modhern kang Sarwa nganggo teknologi canggih Kya ing wektu Iki, pariwara bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora kanthi spandhuk, pamflet lan koran, ananging radhiyo, TV, internet uga wis dadi sarana pilihan Kanggo masang pariwara, Awit jaringan kang wis meh warata ing kutha nganti desa-desa. Sing arep masang pariwara mung Karo milih sarana kang trep jumbuh Karo kabutuhane.

Pariwara radhiyo iku bisa diandharake kanthi cara theater of the mind kanthi ancas nuwuhake angen-angene para pamiyarsa utawa kanthi cara pribadi yaiku kang maca iklan kaya dene sesambungan langsung Karo sing ngrungokake. Sawetara wujude bisa kanthi dialog utawa monolog.

Titikane kang becik yaiku:

  • Tembung kang prasaja
  • Gampang dimangerteni
  • Narik kawigaten, sopan lan logis
Unsur-unsur pariwara ing natarane yaiku:
  • Jeneng barang utawa jasa sing ditawakake utawa dibutuhkan
  • Pihak utawa uwong sing masang pariwara
  • Alamat prodhusen sing masang pariwara
  • Kahanan barang utawa manfaate jasa sing ditawake utawa dibutuhake.
Tuladha pariwara radhiyo

Priya A : " wooo..... Diajak rondha kok anggap angop

Priya B : " lha teru piye wong ngantuk?"
Priya A : " lha Yo diwedangi Sik no! Iki lho ana wedang kopi panas."
Priya B : " Endi hawa mrene!"
Priya A : " Nya..!"
Priya B : " Kene Ndang taksrupute (swara diseruput)".
Priya A : "piye rasane?"
Priya B : " pyarr.... Jan langsung padhang."
Priya A : " Nyamleng ya?"
Priya B : " kopi apa Iki mau?"
Priya A : " Kopi cap Jempol."
Priya B : " Emmm... Layak."
Priya A : " wis, ayoo.. gek mangkat rondha!"

Narator: Kagem panjenengan ingkang ngersakake kanikmatan kopi sejati, mangga Kula Ayuri ngunjuk kopi cap jempol. Arum lan sedhep. Kopi cap jempol karamel saking biji kopi pilihan ingkang kualitasipun Inggil satemah saged nuwuhaken kanikmatan kopi sejati. Panjenengan saged mundhut kopi cap jempol ing warung-warung punapa dene toko-toko sacerak panjenengan. Kopi Jempol diprodhuksi UD Jempol Bersaudara Indonesia.



Tugas: absen  komentar asmanipun lan nomer absen wonten kolom komentar sangandhape materi ing GC. Nuwun

Comments

Post a Comment