Nulis Teks Pariwara
Menawa nulis pariwara becike nggatekake ban-ban ing ngisor Iki.
- Sing dituju kudu cetha. Bab Iki penting Kanggo nemtokake medhiya pasang pariwara lan netepake target konsumen gumantung Karo kualitas, Rega lan Kanggo masarake prodhuk.
- Sing ngirim kudu cetha. Sing dikarepake sing ngirim yaiku perusahaan, instansi utawa pawongan kang masang pariwara.
- Barang/jasa kang ditawakake / dibutuhake kudu cetha. Kalebu gambaran kahanane barang utawa fasilitase jasa sing ditawakake / dibutuhake.
- Narik kawigaten. Nduweni daya tarik satemah konsumen kang dituju bisa seneng entuk informasi. Kajaba saka tembung-tembunge, kang narik kawigaten saka pariwara uga bisa muncul saka desain layout.
- Nggunakake sesanti utawa slogan kang gampang ditampa lan dieling-eling Dening konsumen kang dituju.
Carane nulis pariwara:
- Temtokna tujuwan nulis pariwara wujud ukara-ukara.
- Kanggo nggampangake anggone nyusun pariwara, gawea rantaman pitakonan kang dumadi saka unsur-unsur pariwara.
- Wangsulan saka pitakonan iku tulisen kanthi Tembung sing sopan, prasaja, gampang dimangerteni sarta kanthi ukara kang ringkes lan nduweni daya pikat.
Tuladha
A. Tujuwan : Adol Lemah
Pak Suryono keagungan lemah pekarangan sing arep dodol. Jembare yaiku 600 M2 kanthi peprincen ukurane Amba 20 x 30 m. Lemah Iki sepuluh taun kepungkur diriku kanthi Rega 100 JT rupiah. Malika dituku pekarangan mau ngarepake dalan makadham sing durung aspal. Sawise dadi duweke, Saiki dalane wis diaspal. Panggone strategis lan cocog menawa Kanggo mbangun omah utawa usaha. Lemah kasebut wis atas nama hak milik pak Suyono. Dene Saiki arep dodol kanthi Rega 300 JT rupiyah. Alamate lemah mau yaiku ing dalan Merbabu RT 5, RW 4, Rejomulya. Dene menawa ana kang butuh bisa rawuh ing daleme Pak Suyono ing Ratan Hasanudhin Nomer 112, Rejomulyo utawa sesambungan lumantar nomer HP 087759100200.
B. Gawe Pitakonan
1. Apa wujude barang sing ditawakake utawa dibutuhake ?
Wangsulan: Lemah pekarangan kang ambane 20 m x 30 m ing dalan Merbabu RT 5, RW 4, Rejomulyo.
2. Sapa pihak utawa uwong sing masang pariwara?
Wangsulan: Pak Suyono
3. Ing ngendi alamat sing masang pariwara?
Wangsulan:. Dalan Hasanudin nomer 112 Rejomulyo utawa nomer HP 087759100200.
4. Kepriye kahanan barang sing ditawakake?
Wangsulan :. Statuse Hak Milik mapane ngarepake dalan aspal cocog Kanggo mbangun omah kan usaha. Didol kanthi Rega 300 JT rupiyah.
C. Dadine pariwara kurang luwih mangkene:
Panjenengan mbutuhake lemah pekarangan?
Ing dalan Merbabu RT 5, RW 4, Rejomulyo ana lemah kanthi status hak milik, ambane 20 m x 30 m, didol kanthi Rega 300 JT rupiyah. Mapane sing ngarepake dalan aspal, cocog Kanggo mbangun omah lan usaha. Menawa ana sing ngersakake, panjenengan bisa sesambungan Karo Bapak Suyono kanthi alamat; Jln. Hasanudin, No. 112, Rejomulyo utawa nomer HP. 087759100200.
TUGAS!
Temtokna pariwara bab apa kang bakal kokgawe, banjur tulisen dadi teks kanthi ukara sing runtut lan unggah ungguh basa sing pener!
NB: Tugas dikirim ana ing GC!
Nuwun.
Comments
Post a Comment