KD 4 PERTEMUAN 1

 Mahami Teks Eksposisi Babagan Seni Pagelaran Tradhisi

Eksposisi mujudake sawijining teks kang nyritakake analisa proses nganggo cara narasi Kanggo aweh informasi lan njembarake pangertene wong sing maca. Wacana eksposisi digunakake pengarang Kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiyatan, metodhe, cara, lan proses dumadi sawijining kedadeyan utawa bab.

Titikane karangan eksposisi kuwi ngemot bab-bab ing ngisor Iki.

  1. Ngandharake panemu utawa gagasan.
  2. Nuduhake kahanan sanyatane (fakta), menawa perlu dicethakake kanthi grafik, peta statistik, gambar, angka lan sapanunggalane.
  3. Nggunakake analisis lan sintesis.
  4. Sumber ide saka pengalaman, sikap utawa keyakinan
Struktur karangan eksposisi iku kaperang dadi telung perangan, yaiku:
  1. Tesis (pambuka) isine panemu
  2. Argumentasi (Surasa / isi) isine bukti, alesan lan argumen;
  3. Penegasan ulang (panutup) isine dudutan kang nguwatake argumen adhedhasar bukti.

Tugas: 

Golekana tuladha teks eksposisi Babagan seni Tradhisi, banjur neg wis oleh kirim ana ing GC. Nuwun

Comments