KD 4 P 1, XII (TULADHA TEKS EKSPOSISI)

 Kapan Bangsa Barat Tepung gamelan

Bangsa Indonesia wis samestine bombong dene nduweni warisan budaya kang maneka warna. Warisan leluhur kasebut ing antarane yaiku gamelan. Ing Jawa Tengah gamelan wis dimangerteni masyarakat wiwit jaman paprentahan kraton lan ing wektu iki terus ngrembaka. Sing gawe mongkokg kanyatan gamelan Jawa ora mung kawentar ing Nuswantara ananging uga kawentar ing mancanegara. (1)

Taun 1816 Gubernur Jenderal Inggris Ing Indonesia  Thomas Stanford Raffles, nulis sawijining buku kang asesirah History of Java. Ing  buku kasebut tinemu andharan kang cukup jlentreh ngenani gamelan jawa. Awit saka iku, ora kaluwih-luwih lamun Raffles sinebut kadidene Bangsa Barat kapisan kang darbe kawigaten gedhe marang seni gamelan. kawigatene mau dibuktekake sarana mboyong rong pangkon gamelan jawa menyag Inggris. Ya wiwit taun-taun iku wong-wong Inggris bisa weruh wujude gamelan sanyatane. Eman dene pambudidayane Raffles nepungake gamelan menyang bangsa Eropa mung kandheg tekan semono, awit bumi Nuswantara bali dikuwasani dening Walanda. (2)

Ing taun 1889 sawijining pameran kesenian akbar tingkat donya kang sinebut "Paris Eksposition" digelar ing Perancis. Ing kalodhangan mau, Pemerintah Kolonial Walanda ngusung gamelan lan pengrawit sarta sarta paraga beksa saka Tanah Jawa (SUnda lan Mangkunegara). Tekane rombongan kesenian saka "Ost Indische" (Hindia Timur, sebutan kanggo Indonesia jaman semana) tetela gawe pangeram-erame ngakeh. Ora kurang saka Claude Debussy, pentholan komponis musik klasik Perancis, nganti kayungyun krungu titilarase gamelan sing wiramane nganyut-anyut ndudut ati. Saking kesengseme Debussy iki, nganti ing tembe burine saweneh asil karya musik klasike ana kang dibesut mawa lasras slendro lan pelog saka gemelan Jawa. (3)

Semono uga nalika ing taun 1893 ana pameran seni tingkat donya ing Cichago, AS kang disebut "Columbia Exposition" Pemerintah Kolonila Walanda bali nampilake gamelan. Sing sepisan iki ora tanggung-tanggung. Sing digawa menyang Cichago dumadi saka wong sadesa saka tlatah Jawa Barat, dumadi saka ahli beksan lan pengrawit nomer wahid. Ing "Colombia Expo" iki, sepisan maneh gamelan gawe gawoke sing padha nonton. Malah sawenehe pakar etnomusikologi aran Benmund Hilman, saking kepranane nganti kesdu ngrekam swara nganggo silinder wax. Rekamane Hilman iki mujudake rekaman gendhing-gendhing kang sepisanan ing donya. (4)

Ing taun 1913 Pemerintah Walanda nugasi saweneh ahli musike, yaiku Jan Coen supaya nyinau gamelan menyang tanah Jawa. sawise sawetara wektu manggon ing pulau Jawa, Coen pungkasane nyandhang gelar ahli gamelan kang cukup mumpuni kanggo ukurane Bangsa Eropa. (5)

Ora watara suwe, isih ing taun 1913, ahli loro saka Pakualaman Ngayogyakarta diundang khusus kanggo njembarake tebane seni karawitan ing Walanda. Ahli loro asma R.M. Yojana lan R.M. Nata Suroto mau kabare nate ketemu R. Soewardi Soeryoningrat utawa Ki Hajar Dewantara kang nalika semana lagi dipidana buwang menyang Amsterdam dening Pemerintah Kolonial Walanda, amarga perjuwangan pergerakane dianggep ngrugekake penjajah Walanda. Kabare kala semana Ki hajar Dewantara uga aktif makarya ing babagan seni bebarengan priyayi loro saka Pakualaman mau. Malah ana katrangan kang nyebutake yen Ki Hajar Dewantara nate mbeksa "Gandabaya" ing Amsterdam. (6)

Napak tilas suksese Jan Coen, ing taun 1930 sawijining ahli gamelan saka Universitas California Los Angeles (UCLA), Mantle Hood, hijrah menyang tanah Jawa saperlu ngangsu kawruh bab gamelan. Baline menyang negara paman Sam banjur gedegake paguyuban karawitan ing Universitase. Paguyuban mau bisa ngrembaka apa maneh sawise nekakake guru Karawitan saka tanah Jawa. (7)

Sawise grup karawitan ing UCLA Amerika, ing Eropa yaiku Walanda uga madeg paguyuban "Babar Layar" ing taun 1946 kang dipadhegani dening Bernard Eisienblad. Paguyuban iki mujudake paguyuban kapisanan ing Eropa kang anggotane dumadi saka wong-wong kulit putih. Ing wektu-wektu sabanjure, ing Eropa apadene ing Amerika, paguyuban karawitan utawa grup-grup kang nyinaoni gamelan madeg susul-sumusul. (8)

Wektu iki meh kabeh universitas gedhe ing Amerika lan Eropa duwe pusat studi gamelan. Saliyane aktif gladhen karawitan, pusat-pusat studi gamelan iku uga aktif melu festival gamelan saindhenging donya. Kaya ing Fastival Gamelan Internasional (FGI) kang nate digelar ing Prambanan, paguyuban gamelan saka manca negara singmelu akeh-akehe iya dumadi saka anggota grup karawitan ing kampus-kampus. (9)





Comments